Selasa, 21 September 2010

DIBUKA PENDAFTARAN AGEN PULSA NASIONAL!!


Karangela Pulsa memberikan kesempatan kepada anda memperoleh penghasilan tidak terbatas dengan menjadi Agen Pulsa Elektrik atau menjadi Reseller Pulsa Elektrik.
Anda dapat memperoleh penghasilan dari penjualan pulsa elektrik maupun dari komisi downline yang anda miliki yang besar nya komisi dapat anda tetapkan sesuai dengan keinginan anda.

Keuntungan – keuntungan menjadi member Karangela Pulsa :
  • Pendaftaran GRATIS
  • Minimal deposit cuma Rp 100.000
  • Bisa deposit via Paypal
  • Produk pulsa elektrik lengkap
  • Harga Murah
  • Transaksi untuk se-Indonesia
  • Nomor yang telah didaftarkan dapat diparalelkan dengan nomor apapun.
  • Bisa transaksi via YM.
  • Dapat di downline – kan
  • Transaksi 24 jam
  • Transaksi mudah & cepat

DAFTAR HARGA KARANGELA PULSA

TELKOMSEL
5         = 5.050
10       = 9.750
20       = 19.575
25       = 25.100
50       = 48.900
100     = 97.100

INDOSAT
2          = 2.150
5          = 5.000
5G       = 5.000
5S        = 5.000
10        = 9.875
10G      = 9.875
10S      = 9.875
25         = 24.325
25G      = 24.325
25S      = 24.325
50        = 48.700
100      = 97.950


Alamat Kami :
1. Yogyakarta
    Jl. Munggur No.6 Rt.16 Rw. 005 Demangan Kidul GKI/6 Yogyakarta 55221
2. Cilacap
    Jl. Citanduy No. 5 Rt.01 Rw.03 Planjan Kesugihan Cilacap 53274
3. WEB RESMI
    http://www.karangela.co.cc
4. HP (CP)
    085647800292


Minggu, 29 Agustus 2010

Kumpulan Tembang Macapat

Dhandanggula “Buminatan”

Sasmitane ngaurip puniki
Apan weruh yen ora weruha
Tan jumeneng ing uripe
Akeh kang ngaku aku
Pangrasane sampun udani
Tur durung weruh ing rasa
Rasa kang satuhu
Rasane rasa punika
Upayanen darapon sampurna ugi
ing kauri panira


Maskumambang

Dhuh anak mas sira wajib angurmati
Mayang rarah rena
Aja pisan kumawani
Anyenyamah gawe susah



Dhandhanggula “Panganten Anyar”

Wonten malih tuladhan prayogi
Satriya gung nagari ngalengka
Sang kumbakarna arane
Tur iku warna diyu
Supran dene nggayuh utami
Duk wiwit prang ngalengka
Denya darbe atur
Mringra kapinrih raharja
Dasamuka tan kengguh ing atur yekti
Dene mungsuh wanara


Kinanthi “Sandhung Mesem”

Ngandika kusuma ningrum
Anoman seksinen mami
Luwara ing duka cita
Ilang sagung kang prihatin
Matur aring gusti nira
Yen ing ngunisun punagi



Sinom “Gagatan”

Semangsane pasamuan
Memangun marta martini
Sinambi ing saben mangsa
Kala kalaning asepi
Lelana tekiteki
Nggayuh geyonganning kayun
Kayungyun ening ing tyas
Sani tyasa pinrihatin
Puguh panggah segah dhahar lawan nendra



Pocung

Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekere dur angkara


Asmarandana “Jakalola”

Siharya wibisaneki
Ature kaliwat liwat
Anggone amrih becike
Panika nora angawang
Matur ujar ing cetha
Wus omah weweka putus
Waskitha jroning srinata


Kinanthi

Dhuh dewajawatagung
Tingalana solah mami
Sewu lara sewu brangta
Tan ana timbange mami
Yen taulun tan panggiha
Kalawan pangeran mami


Dhandhanggula “Mangkubumen”

Ingkang lumrah ing mangsa puniki
Mapan guru ingkang golek sabat
Tuhu kuwalik karepe
Kang wus lumrah karuhun
Jaman kuna mapan kimurud
Ingkang padha ngupaya
Kudu anggeguru
Ing mengko iki tanora
Kyai guru naruthuk ngupaya murid
Dadiya kanthi nira



Kinanthi

Pun bapa pan sampun tumut
Sabala nirawus balik
Mring prabu rama wijaya
Memungsuhan lan waaji
Bala wrawarti wus nyabrang
Keh prapteng suwe lagiri



Dhandhanggula “Kesepuhan”

Angel temen ing jaman samangkin
Ingkang pantes kena ginuronan
Akeh wong jaja ngelmune
Lanarang ingkang manut
Yen wong ngelmu ingkang netepi
Ing pangga wening sarak
Den arani luput
Nangingta asenengan
Nara kena denwor kekarepan neki
Pepancine priyangga


Kinanthi “pangukir”

Kadra was wus sira muwus
Mangkana putri manthili
Mangsah nunguli mustaka
Patreme sampun pinusthi
Tanpa nonrati dhepira
Den nyarsa mbelahi laki


Dhandhanggula “Panglipur”

Upa mardi jeneng ing Narpati
Ingkang praja dhukut aneng wana
Katon sapari bawane
Isine ngalas iku
Kaungkul lan marang ing hardi
Sagung ing wadyabala
Alas paminipun
Prabu nyambinamgka singa
Kareksaning singa petenging wanardi
Yen alase apadhang


Sinom “slobog”

Wong agung rama wijaya
Mangu neng tyas tan pinanggih
Tan ana wenganing driya
Dene kalangan jaladri
Enget pandhita nguni
Sutikna yogi turipun
Besuk pan kalampahan
Angadoni jayeng jurit
Mring ngalengka sedhih kalangan samodra



Kinanthi “amongjiwa”

Dhuh ramawijaya ningsun
Pulungen jiweng ngong aglis
Mulih mring ngendra bawana
Pagene nora ngenteni
Apatah asih maring wang
Ubayane du king nguni


Megatruh

Yen wohwohan enak mentah iku timun
Enak mateng iku kweni
Manggis enak blibaripun
Pelem enak mateng ati
Salak enak rada bosok


Gambuh

Sekar gambung ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluarsa katutuh
Kapatuhpan dadi awon



Pangkur

Jinejer ing wedatama
Mrih tan kemba kembengan ing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asep alir sepah samun
Samangsane pasamuan
Goyak gayuk nglelingsemi


Durma

Paman paman apa wartane ing dalan
Ing dalan keh pepati
Mati kena apa
Mati pinedhang ligan
Ing jala terusing gigir
Akari raga
Badan kari gumlinting


Mijil

Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang ipun


Kinanthi ‘sandhung”

Padha saksemana ingsun
Lintang kilat angina angina
Gelap thathit miwah teja
Mega seksenana mami
Kagyat sang retna trijatha
Mulat sang putri nekani


Pangkur

Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton punika dipun kadalu
Miwah ingkang tata karma
Den kaesthi siyang ratri



Mijil

Kamardikan wajib dirungkebi
Lair trusing batos
Ngelingana biyen keh korbane
Bandha donya nganti tekan pati
Lila tanpa pamrih
Penjajah katundhung



Asmarandana

Pomo pomo wekas mami
Anak putu aja lena
Aja katungkul uripe uripe
Lan aja duwe kekareman
Marang pepaes donya
Siyang dalu dipun emut
Yen urip manggih antaka



Sinom

Sigra ang bala tumingal
Acampuh sami medali
Lir thathit wileding ganda
Dhanyang gung mangucal niti
Benjang sangaji mijil
Lathinya medali wuwus
Trustha sura wilaga
Kaya buta singa wergild
Pasthi jongga dhedhanya
Mangabak baya



Kinanthi “ amonglulut”

Riris raras arum arum
Rarnya sumawur sumilir
Sapraja ngalengka sumyur
Lir kinenan riris manis
Mangkana sang bayu suta
Umatur saha wot sari


Sinom

Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wong agung ing ngreksi ganda
Panembahan senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan napsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama



Kinanthi

Mangun setu bandha layu
Samodra tinabak keni
Sekti ning bala wanara
Prabawa sri dasamuka
Mokal apesa ing yudha
Ramawijaya prajurit


Dhandhanggula

Jago kluruk rame kapyarsi
Lawa kalong luru pandelikan
Jrih kawanan ing semune
Bang wetan sulakipun
Mratandhani yen bangun enjing
Rembulan wus gumlewang
Neng kulon gunung
Ing padesan wiwit obah
Lanang wadon pan sarnya
Anambut kardi
Netepi kewajiban


Sinom “grandhel lintring”

Wikan wengko ning samodra
Kederan wus den ideri
Ki nemat kamoting driya
Rinegem sagegem dadi
Dumadya angratoni
Nenggih kanjeng ratu kidul
Ndedel nggayuh nggegana
Umara marak maripih
Sor prabawa lan wong agung ngeksi ganda



Kinanthi “buminatan cengkok”

Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak amor lemah
Ingkang iga-iga keksi


Kinanthi “wicagsana”

Pinandeng sarwi tumungkul
Anoman ngiling ilingi
Sarta myarsakken karuna
Sumedhot tyasira nenggih
Iya iki apa baya
Kusuma putri manthili



Kinanthi

Minder ingrate angelangut
Lelanda njajah nagari
Mubeng tepining samodra
Sumengka anggraning wukir
Anelasak wanawasa
Tumurun ing jurang trebis


Dhandhanggula “mangkubumen”

Singa singa yen wadyanta sakit
Glis tulunga dana myang tetamba
Den prapta ing sawarase
Yen sira nemu mungsuh
Kasor aywa sira pateni
Kunjaranen kewala
Sawatara nipun
Angenulilu waran
Rasuken den kadya kina kulit daging
Wala ngati ilangna


Pangkur

Mingkar mingkuring angkara
Angkarana karena mardisiwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama ageming aji



Pocung

Bapak pucung
Dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing plembang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumampah si pocung lembehan grana



Pocung

Lamun dalu
Saben arsa mapan turu
Wektu kang prayoga
Mulat mring laku kang uwis
Dina mau apa kang wus dipun karya


Dhandhanggula

Dhuh kusuma milangoni
Buron arum ingkang sobeng wana
Yen panggih sun arasane
Sumber gung ngisor gunung
Wreksa langking sisaning agni
Sun sandhang pinarenga nedya amemanuh
Wit saking tresnaning manah
Surya ratri wong kuning sun kalawani
Sun adhep saben dina



Kinanthi

Kinanthi ling ing pitutur
Kenthang rambat menyan putih
Awasna dipun pratela
Noleha wiring ing wuri
Cecangkok wohing kalapa
Kang dadi pathoking urip


Kinanthi

Ora kleru
Marang urip mubra-mubru
Ngawula ing bandha
Nganti lali mring agami
Mangka iku ugering manungsa gesang



Pocung

Pra seduur
Na ing jaman mangkya
Marang panggayuh utami
Tumrap gesang ana alam pasrawungan

Jumat, 20 Agustus 2010

Antologi Geguritan

CITA – CITAKU

Esok awan wengi aku sinau
Kanggo nentoake cita-citaku
Ora ana wektu kanggo nyenengake atiku
Nanging semangatku nyagak sinau

Aku sinau sedina-dina
Tansah ngestokake dhawuhe wong tuwa
Takdua sak kabehing gada
Aku kudu entuk juwara

Oooh… gusti
Paringana rido awak mami
Supaya aku sesok bakti negri
Marakabi mring sesame

Oooh.. abot kaya ngene angele
Nanging aku kudu bisa nelakake
Kanggo ngimbangi rekasane wong tuwa
Bapak, Ibu ben lega atine
Putrane bisa Kabul gegayuhane

Yuli Falianti Fallah


Sedyaku

Wis, Jeng…
Aku sumeleh
Nyelehake pangarep-arepku
Marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
Yen nyatane among semene
Cuthele lelakonmu

Novi Anggraeni


Ndandani kretek

Dinaminggu aku sakanca pada saiyeg saeka piraya
Nggawa pacul, ekrak lan sapu sada
Anyengkuyung para warga

Tuwa enom jaler lan estri
Kabeh warga padha kerja bakti
Kretek rusak den dandani
Gotongroyong saekta kapti

Nur Rahmawati


Parangtritis

Sumilir ing bayu prasasat nggawa tentrem ing atine
Gemricike ombak krasa nggawa senenge alam pikirku
Parangtritis….

Ya mung parangtritis papan wisata kang endah
Ing pinggir laut kidul kang tansah nentremake atiku
Ya mung parangtritis papan wisata kang ora bisa tak lalekake

Riska Ningrum Y


Kanthi lampah kang linambaran tekad lan ati sumringah mlaku ngener sekolah
Aku mangkat sekolah
Langkah anteb kan ndasari ati mantep
Tundhane wajib sregep

Atine dhemen banget
Arep ketemu kanca-kanca
Kang wus manjing dadi mitra
Neng dalan tansah sopan
Bisa mlaku nggayuh kamulyan
Adoh soka laku ngiwa

Sekolah wakiling simbah
Kang ora bisa ndongeng
Pitutur kang bisa gawe nora sempelah
Sukur bage aku keconggah
Gawe mareme bapak ibu
Slametan kakehenpolah

Ika Mulyana Fatmawati


Tangis

Yayi
Enggal usapan luhmu
Sing tansah tumetes
Nalika jantraning lakumu
Kudu nglewati dalan tukpil

Sebab
Geguritan alam wis tansah ngelingakekuwajiban uripmu
Sing kudu tansah kaayah

Aja kesuwen sedhih
Mundhak ora prayoga
Ngertia sedhih iku sejatine uga rahmat

Septian Febriana


Keriya Slamet Alasku
(Selamat Jalan)

Aku wis kesel, sayah
Ora duwe daya
Saka pokake wong kang njarah sliramu

Awit dheweke
Nganggep sliramu
Kaya tinggalane wong tuwane
Lali marang warisan kanggo putra wayahe

Karia slamet
Alasku…
Kang dak tresnani
Aku wis ora kuwawa ngayomi sliramu

Niwayan Ramanandiah


Mamring

Sepi mamring
Sepi sumpeg
Peteng kesel
Ah embuh
Ora weruh, ora ngerti
Bisu

Nangis sajrone ngguyu
Ngguyu sajrone nangis
Mlaku sjroning mudeg
Mudeg sajroning mlaku

Dwi Lestari


Ibu


Ibu…
Ajari aku dados kaya panjenengan
Ingkang sabar ngajar putra-putrimu
Ingkang tulus ngajari putra-putrimu

Ibu…
Kula mangerteni bumi lan isine
Boten cekap kangge bales
Rasa tresna panjenengan dhateng kula
Satunggal ewu maaf
Boten saged ngapus
Salah kula dhateng panjenengan

Nanging kula percaya tanpa kabeh niku
Rasa tresna lan maaf panjenengan niku
Selalu kagem kula
Ibu…

Elahari Yanti Nasution


Isih durung rampung

Sajake isih during rampung pacobaan iki
Kaya antri
Dlidir nekani baka siji
Notok saben lawang
Nagih sesaji

Sajake pacobaan iki isih during rampung
Nanging banjur apa sing kudu enggalditarung
Yen kabeg panjurung
Wis rapet kapinjrung
Layung-layung kang cecandikan
Candikala kang rerantakan

Becik kapungkasan bareng-bareng
Kanggo nyuwak langit kang mbrambang kapuranta
Mateg aji niyat atur pada pangruwat
Yen gurit puja pangalembana kang pungkasan
Isih during bisa rampung
Tanceb kayon ing dhadhane

Rama Anggraeni


Pari

Pariku wes kuning
Wis wancine
Wis padha dungkluk
Nunggu tangan-tangan para tani
Ngenteni anggone padha ngeneni

Pari…
Gedhe mupangatmu
Kanggo awaku
Kulawargaku
Mitraku
Lan, kanggo para menungsa
Bisa ngilangi rasa ngelih
Gawe adheme weteng
Lan, bisa menehi kekuwatan

Pari…
Aja musnah
Aja ngilang
Aja rusak
Mung amerga ama
Duh Gusti
Panjenengan jayi
Supados kita boten sami kekirangan pari

Aisyah Rusfianti


Wutahing ludira

Mblabare ludira
Tumetes ing bantala
Dhadha lan jangga kena lesaning sanjata
Bangke gumlethak nggawa ganda

Swara manuk gagak
Apadene genderasetengah cagak
Tandha pakurmatan kang pangaji
Mring pejuang kang sowan ing tempat suci
Muncrating ludira dadi saksi lan tandha

Apriliane Malinda Sari

YEN SLIRAMU NGLILIR

Yen bengi iki sliramu nglilir
Ana cerita sing kecicir
Ing pinggir dipan pangimpen

Napas-napas tlatah cengkar
Ngumandang sandhing bantal
Adohe dalan rumpil
Glibedan ing kumrelipe senthir
Uga paseksen kang nyamut-nyamut

Nanging kertas-kertas yahdung lingset
Jalaran mangsi kebacut macet
Kinepung benang bundhet
Aku ngerti
Sliramu isih setya ngenteni
Tekane mbulan ndadari
Senajan wayahe wis lingsir wengi

Nanik Nur S
Anak Wedok Anak Lanang

Lelorone dakgegadhang
Bisa lan wani ngupadi
Mrih ungguling jati dhiri

Anak anakku
Apa kowe nedya maju
Bapak ibu kula tuhu
Maju ing bab apa
Ajining gesang punika











SUKMA LELANA GUGAT

Angin kang mabur
Kekiteran ing dhuwur samodra
Sasat tanpa leren ngobahake banyu

Iwak gedhe, iwak padha gumeregah
Jumedul sakdhuwure ombak
Ilang swara mubu ing aksara

Prau-prau lelangen
Ngoyak playune angen-angen
Kanthi jala lan jarring
Saka sutra
Obar thathil lan lintang
Sambung sinambung ing
Wewangunan jagad

Tepake isih katon
Cetha ing tangan
Dwi Astuti

AKU KEPINGIN MULIH

Nengendi wae aku melangkah
Ayang-ayangmu mesti mbayangi aku
Aku kepengen ndelik
Nanging mesti kok temokake
Aku ngerasa kesel banget

Aku tekok ra ana sing njawab
Yen aku eleng peristiwa iku
Mung nyisakake luka ing jiwa

Aku kepengen goleki jawaban
Nanging ra ana sing ngerti
Perasakanku ngandakake
Aku kepengen mulih
Aku kudu mulih

SUJUD

Langit mendung, peteng dedet lelimengan
Tan sumunar suryaning rembulan
Gagak gagak macah ing langit
Tan gumebyar seminar ing lintang
Ambyar sekeping pecahing mego, tetep wae peteng
Duh Gusti sinten ingkang salah…..!
Punopo ingkang salah…..!

Sumerbak gandaning arum melati
Kang dadi panutaning ati
Pinuju mulyaning gesang
Pengarep restuning bumi
Sujud sunembah ing ngarsaning Gusti
Duh Gusti sinten ingkang salah…!
Punopo ingkang salah….!
Kawulo sujud


Uswatun Khasanah

KANGEN

Saben sesawangan
Kang dak temoni
Memba wewayanganmu
Ngreridhu batin

Mula, kudu dak akoni
Ora dak selaki
Pranyata, angel anggone ngilangi



Dwi Retno


BIYUNGKU

Ing tengah-tengah ing jagad raya
Ing antarane para wanodya
Ana sawiji kang dak tresnani
Nganti ana sajroning Hyang Widhi

Mula tan angon mangsa lan wektu
Nora kendhat donga panuwunku
Supaya biyungku binarkahan
Secta dinirgakna ingkang yuswa



Ananda Putri Vilani

PAMIT

Aku sida mangkat saiki ibu
Ninggal pangkonanmu
Kanggo ngranggeh gegayuhanku
Sanajan bungah lan susah
Daklakoni nganthi lega banget
Aku ora nangis ibu
Dah jaluk puji pangestumu ibu


Nur Zuliyati Ulfah


ULANG TAHUN

Detik terus mlaku
Tan peduli sira sregep
Amal utawa ndeleya
Jam terus mlaku
Tan peduli sira
Waspada utawa lena
Dina terus mlaku
Tan peduli sira sregep
Ngabekti utawa duraka
Umurku tansah
Tambah ananing
Kadewasanmu ora
Mesti tambah
Amarga kadewasan
Iku butuh pangorbanan
Amarga kadewasan
Iku kehormatan
Slamet ulang tahun
Muga-muga tinambahe umurmu
Dibarengi tinambahe
Peci ke atimu
Lan mantepe
kadewasaanmu


Nurrochmah Oktavia Ningrum

UMPAMA

Umpama
Ing ndonya ora ana tembung dosa
Ora ana tembung nistha
Ora ana tembung cidra
Ora ana sing salah ing katresnan iki
Aku ora njaluk, aku ya ora nembung
Akeh sing memerak ati nggodha lan mbebejuk dhiri
Nyatane mung kowe
Sing tansah ana ing pangangen
Ngreridhu sepiku
Bareng lintang lan rembulan sing budhal panglong
Srengenge wiwit nyambut gawe
Panas ngeget sumelet
Nggugah nalar lan piker
Yen ora ana dosa, ora bakal ana neraka
Yen ora ana neraka, ora bakal ana suwarga
Yen ora ana suwarga, ora bakal ana rasa tresna
Yen ora ana tresna………….
Ora ana kowe !!!
Ora………….
Katresnan iki ora bisa diijoli
Digadheke
Apa maneh dituku sarana ubaling napsu
Katresnan iki katresnanmu, katresnan saka suwarga
Kang kudu tak reksa lan tak jaga
Aja nganti nyimpang nyemplung neraka
Dhuh, upamane
Aku karo kowe………..
Wuah…………



Rina Dwi A

GURU KULA

Guru kula…….
Kula nganturaken panuwuli
Panjenengan gudlianging ilmu
Mbabar ayat-ayat suci
Wiwit jus tigang doso
Guru kula……….
Kula ngatulaken panuwuli
Panjehengan dados pepajar kula
Panjenengan dhumuk hanacaraka
Wanaya apa wajaya
Padha ana kono
Nganti tekan magabathanga
Guru kula……….
Kula ngaturaken panuwun
Kula saniki dados padhang
Sampun saged dados tiyang
Boten naming buruh ketang
Ing rasa ora dadi nglambrang
Guru kula……..
Punika ingkang kedah kula aturaken
Boten wonten sanesipun
Kajawi mugi-mugi
Gusti angijabani
Dhateng pak lan bu guru ingkang tebih kula niki


Eko Wulandari

KEMBANG MLATHI

Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Pahlawan
Kusuma Bangsa kan sejati
Luhku tumetes…tes…nelesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung biso melu labuh Negara
Among sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napa suci
Labuh nagari alelan deshan ati suci
Dadi pepenget Agustus iku dina mulya lan suci

Sintha Ayu Pradita

LINTANG – LINTANG

Lintang-lintang obyor ing tawang
Cumlorot sliweran nalika alihan
Kumleyang mencok ing socamu asihku
Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
Ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
Lintang-lintang alihan
Cumlorot telu ana pundhakku
Kawitan lintang abang lintang perang
Kapindho lintang mirunggan lintang kemaungsan
Pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

Indriyani Ningrum Hidayah

Duniane katon endah pas kowe teka
Hawane ayem wektu kowe ana
Udan tangis dadi guyu nalika kowe teka
Jeneng ra ana artine
Status kanggokura penting
Seng paling penting kowe ana
Ora isoh tak bayangke
Menawa kowe lungo
Mungkin aku…
Rabakal isoh ngguyu meneh
Umpama kowe lungo saka uripku

Nur Hanifah

KASMARAN

Petheng ndedet lelimengan
Nalika mendung angemuli rembulan
Kadya petenging atiku
Kang lagi kelangan
Srengenge kang sumunan ing pojokan atiku
Srengenge iku sliramu
Katansah madangi atiku
Nangeng embuh ana ing ngendi sliramu saiki
Aku mesti bakal nggoleki
Sanajan among ana ngimpi

Septiriya Anjani

LUHING KATRESNAN

Mripatmu kembeng-kembeng
Ngampet perih ing netraku
Mendung petheng ndedhet
Gumandul ing langit ireng sap pitu
Luhing katresnan
Ngipatake jiwa kang ringkih
Nganthi bundhas tatu biru
Luhing katresnan
Nyiyutake panjang kaku
Njambak praupanku sing abnag mbranang
Ngiles tandes katresnanku
Luhing katresnan
Nyebul mlendung rasa gethingku
Nganti mledhus nuwuhake ganda amis
Tumpleg bleg ngebaki kalbu

Eni Setyawati

SUWALA

Yen dak kandha
Sliramu kejem
Mesti wae ora gelem
Nanging yen saben dina raja iki nyanding
Kaya njaba pinggeting ati
Sliramu pangan wenang
Kapara menang
Nanging opo ora kelingan
Rikala semana
Bandawasa arep ngayunake kenya jonggrang
Jonggrang, apa kang sedya
Mesti wae wes tak sembadani
Minangka tandha tresno marang sliramu
Nanging saiki
Sliramu bisa kandha
“Aku ora ana rasa tresno marang dheweke”

Sodiq R. H

NYAMBUT DAMEL SESARENGAN

Kita sesarengan
Beraktivitas sesarengan
Nyambut damel sesarengan
Mboten krasa sampun rampungan sedaya
Mbeta kita sesarengan
Narik kita sesarengan
Ngresike kita sesarengan
Sedaya kaleh nyambut damel sesarengan

Nur Janah Khoiby Sabrina

SUJUDKU

Yen pancen kita ngaku wong sing iman
Kudhu bisa mbuktekake ana tumindak
Akeh kang mung mandheg ana pangucap
Padha ninggal bebener, tumindak ngiwa
Ing sasi kang kebak barokah
Ayo padha ningkatake ibadah
Ramadhan kang kebak rohmah
Ramadhan kang tansah endah
Ramadhan kang kebak ampunan
Sujudku pasrahku marang Kang Maha Kuwasa
Wutuh kanthi ati lan rasa
Nyuwun ampunan dosa kang tanpa kinira

Puty Rimagi

SRENGENGE KEMBAR

Panembahan Senapati nangis ngguguk
Nyipati kukuhe Mataram saiki wis ambruk
Jangkahe pujangga ngronce unine sasigar paying
Temahan ngubal-ubal tangis layung-layung
Hangebehi lan Tedjowulan
Adreng nglungguhi Kebondanu
Lan Ratu Kidul mung kari crita
Ing saambane segara
Tanpa makna

Isnaini Nur Rahmawati

LAYANG KAGEM IBU

Ibu saka lemah pangu lan datan kene
Anakmu kirim laying
Nyuwun donga pangestu
Bakal methik kembang
Sesumping setya
Bakal lungguh dhampar kencono
Linambaran babut sutra
Ibu, kanthi dlancang setokiyi
Anakmu ngantu rawuhmu
Ngastu sasuek pangapuro
Pinongko nambal kaluputan
Anakmu sing wus kasupen
Segotiwul, sambel korek ndeso
Dandange Ibu sawengi ceput
Datan sare, kanggo aku
Biyen kae…

Imron Nuryoken Kuncoro

IBU

Ibu…
Matursuwun Ibu…
Panjenengan sampun ngorbanake
Nyawanipun panjenengan dingge
Nglairke kulo teng donyo niki
Kulo…
Anak sing Ibu lairke
Naming saget bales
Perjuanganipun lan pangorbanan Ibu
Kalih dongo lan kabektian kulo
Kalih panjenengan Ibu…
Ibu…
Kulo nyuwun pangapunten
Amargi kulo sampun lelakon
Kesalahan kaleh Ibu…
Kulo sadar, umpami mboten wonten Ibu
Kulo mboten saget lahir
Teng donyo niki…
Matursuwun sanget Ibu…

MANGSA RENDENG

Grejeh…
Saben dina daganganku bubruk
Kaya-kaya atiku wus ambruk
Ora kuwawa muluk
Senadyan gur sapincuk
Nanging aku sadar
Ngadhepi ganjarane pangeran
Aku eling ing mangsa terang
Daganganku laris
Nganti entek nggusis
Ya iki adiling pangeran
Ngabulake dongane para tani
Kang butuhake banyu kang mili
Kanggo uriping pari…
Endri Ani

NGGAYUH KAMULYAN JATI

Tak tulis gurit iki
Nalika ati lagi goreh
Mikirake urip seng aneh
Takpecaki uripku khanti titi
Nanging sandhungan tetep ana
Natori dlamakansikilku
Gawe rendhete laku
Dalan aspal dalan nggronjal
Mengak-mengok
Munggah-mudhun
Takliwati
Aku ora ngerti kapan pepuntoning laku?
Senajan garis nasibing manungsa bisa
Kaukur petungan akal budi
Lamun wis tuwa wasanane mati
Nanging misteri urip tan bisa ginerta
Dening sapa wae
Kalebu uwong sing ngaku waskita
Srengenge isish sumunar manasi bantala
Isih adoh karo surup
Lakuku kepanasan, kicat-kicat
Mikul tanggungjawab
Antika Ani Saputri

KAWRUH

Saliring kodrat kang tinon mripat,
Apa dene kang tan kasat mata,
Kabeh tumindhak miturut sipat,
Garis angger-anggering jagad raya,
Wit lumrahing janna neng jagad,
Tan sepi anane para sarjana,
Rina lan wengi tan kendhat-kendhat,
Marsudi angering tri bawara,
Sarana pakarti lan samadi,
Sanityasa ngetog mangulir budi,
Wohing pamardi tinatata,

Linda Oktaviani

PANGAPURAMU

Bukaken lawang pangapuramu
Senajan rinasa abot
Kaya-kaya ora bakal tinarbuka kanggo salawase
Nanging, apa sliramu tega lan mental???
Aku ngerti …
Sliramu sejatine ora mental
Mula, gede pangarep-arepku
Ing sawijining wektu
Bakal ono pangapura
Kanggo aku kang nate ngrasakake katresnamu

Ernyani Puji Lestari

WATON NGGLINDHING

Urip pancen angel tenan,
Urip udhu mung dholanan,
Kudhu ngalahke kahanan…
Kala-kala njelma rodha
Nanging tumrap kang siji iki
Aku luwih seneng
Kari gumlindhing
Rodha kang terus muther
Snadyan kudhu nibo-tangi
Sndyan kudhu wira-wiri
Nanging tetep tak lakoni
Wathon ngglindhing…

Dewi Yunita Sari

SUWARA ENDAH TENGAH WENGI

Lamat –lamat
Digameli sewu rijal
Diamini jangkrik upa
Dipandhangi sewu lintang tanpa mega
Keprungu suwara endah saka pojok omah
Kumricik’e banyu padasan
Sumelaking sajadah kang banjur ginelar
Sesenggukane anak lanang
Gusti, mugi paduka tansah ngreksa tiyang sepuh kula
Anak lanag kula piguna
Mring sakehing papadha

Renanda Elsa Ariska

ANGIN SUMILIR

Angin sumilir …
Angin sumilir ing kampungku
Ana antarane godhong-godhong tebu
Gemercik banyu, aduh segere
Dene srengenge abang mbarang
Saka kulon katon nyenengke
Angin sumilir …
Angin sumilir ing kampungku
Nggawa layangan mumbul dhuwur
Kaya dene nggawa angen-angenku
Melu mumbul ing awan
Angin sumilir …
Angin sumilir ing kampungku
Ngajak bocah-bocah pada geguyonan
Dolan ing sawah nyumilir angin
Tanduran podhonari ing tengah sawah
Rini Yuliana

PETANI

Sager esuk kudu wis tangi
Rebutan banyu saber wengi
Nggawa pacul kanggo maculi
Arite dingo ngeriti dami
Ora peduli panase matahari
Sawahe kudu diopeni
Ora peduli ademe wengi
Ngileni banyu saka kali
Ora peduli kudu ngenteni
Sing penting isoh dadi pari

Hana Astin

KADHANG TANI
Soroting surya cumbrot mandhangi donya
Pratanda murwani dina
Kadhang tani sigra makarya
Makanya sengkut sadina laya
Panase surya tanpa rinasa
Kesel…sayah ing raga
Nyata ora karasa
Mbujung butuh kang nyata
Kabeh mau kagem kulawarga
Nanging putra…
Yagene sliramu mangkene
Nglirwakake tanggung jawabe
Sinau sageleme dewe
Seneng seneng cupet nalare
Lire…ora mikir tembe burine
Aku kudu piye…aku kudu piye
Amrih bisa nyambut gawe
Ngecakake ngilmu kang dinuwe
Delengen…delengen wong kang apes uripe
Mlarat prigel, pinter ora duwe
Keduwung ora ngrampungi gawe
Nadyan awak nggreges, nganti lemes
Mripat pedhes tetep apes
Ana Faizatul Muslimah

AGUSTUS 2005
Kamardikan kaya-kaya during andum kalodhangan
Sing maune padha ngrasakake penjajahan
Sing uripe padha nate ngrasakake kasangsaran
Koksimpen ing endi kabeh cathetan
Sing nyritakake pait getiring lelabuhan
Budhal saka awal gegayuhan
Sing diarani kamardikan
Saiki sing wis padha ngrasakake enake jaman
Mana noleha gitohe githoke dhewe-dhewe
Sapa kanda ora bisa
Ora dhemen nonton pengilon sarto eloking lelakon
Aku lan sliramu
Bisa uga wis ora nate ketemu
Apa maneh karo deweke
Dalan uripe seje-seje
Taun iki suwidak taun sawise 1945
Coba dieting upama umur-umurane manungsa
Rak wis thuyak-thuyuk wis ora kena diarani mudha
Jarene isih sok sinau mlaku
Mangka sing wis nate labuh mbaka siji lunga
Ana sing nggawa tatu-tatu ing atine
Ana sing ninggalake tatu-tatu kanggo bangsane
Dhuh agustus
Coba critakno maneh gegayuhane bangsa iki
Amrih generasi sing gumanti
Ora kepaten obor
Arep ngidul apa ngalor
Ngetan apa ngulon
Lurik bathik iket blangkon
Diah Ayu Putri .J.S

LARE NGGUNUNG
Senadyan kulo lare nggunung
Teden kulo sekol jagung
Tebeh ratu coket watu
Nanging manah tetep kukuh
Nuntut ilmu, mugi kasembadan ingkang ginayuh
Raos kulo gembira ing manah
Saget sekolah wonten SMK MUHAMMADIYAH
Bapak Ibu Guru kulo nyuwun pangestu
Mugi gusti paring idi menopo ingkang dados
Idamaning ati…amin

RANSEL TUWA
Dening : Umi Shangadah

Ransel klowos kang cumenthel leso
Wus tumek pait getire ngulandara
Nut sumiyuting angin
Milang jutha saha desa
Ora sah diwilang nganggo mbulan purnama
Ora sah di etung nganggo patine warsa
Aja di anggep ngecer-ecer umur
Ing sadwaning lelakon

PETENG DEDET
Dening : Riki Endrayani

Awan mendhung peteng dedet
Manuk padha mabur ing langit
Kang seminar ing lintang
Ambgar pecahing awan
Gusti, sinten ingkang salah…?
Sumerbak aruming melati
Sing dadi panutan ati
Nuju mulyaning pejah
Sujud ing ngarsaning doa-doa
Gusti, sinten ingkang salah…?
Punapa kawula

JUMANGKANG
Dening : Neti Tri Yuliyanti

Jumangkang ngarah pangangkah
Panjangkene bocah sekolahan
Ati bungah bisa polah
Kang Maha Wadhah
Wadhah…..
Wadhah pirantine ngasah
Wajib lan tanggung jawab ora kalah
Netebi wajib lumaku tertib
Tumrap Pangeran kang kinutib
Dhasar bocah lantip
Teteg lakune ora mobat-mabit
Ngarah pangangkah kang dhuwur mencit
Mangsa dawa genep sedina
Tinata karya kang nyata
Tumindak enak merga kulina
Panjangka klakon ora rekasa
Ya,amarga netepi mangsa
Mbudidaya lan pandonga
Nadhah Pangeran kang Maha Mulya


TELPUN
Dening : Puspita Ayu Aldila

Alexander Graham Bell
Saka Skotlandia Inggris Benua Eropa
Gedhe jasane
Nemokake telpun piranti komunikasi
Telpun wis anjrah ing desa ngodesa
Kanggo kirim pawarta
Sanak sedulur ado cedhak
Pesen dedangongan lan liya-liyane
Kanth telun irit wektu tenaga arta
Kabar cepet tinampa ing kulawarga
Telpun umum, wartel kiostel cointel
Bisa kirim pawarta warna-warni

URIP LAN MATI
Dening : Ika Setyawati

Awakku mung bisa nonton langit
Iku ning awakku urip
Lan aku bisa nonton langit
Iku yen awakku mati
Mati lan urip
Iku ora adoh beda
Urip mung kanggo sawetara
Mati kanggo saklawaseCinta kadang kala mati
Ning cinta iku kadang kala urip
Mati merga ketutupan mega mendhung
Urip mega di cori rasa cinta lan rasa tresna

CIDRA
Dening : Desi Ika Sari

Aja samardhi
Ora bakal nasar
Umpama tembe
Mapan
Bisa empan ikrar
Prajanjen dhiri
Tulus, tumusing ati
Nalika mangsa kala
Candra ngancik warsa
Warsa tekan windu
Drajak nyangking semat
Pangkat nggawa berkat
Dursila tawa-tawa
Durangkara anglela-lela
Lena lali
Nyimpang saka bebener
Nrajang angger-angger
Tinggal glanggang colong playu…

SAKA TLATAH CENGKAR
Dening : Mariyani.T

Alon liwat angina sarat
Angina anganti angkuping wengi
Tembang saka sambaranging karang
Ampang ngumandhang
Kembang angsoka kelangan jingga
Musna wangun ana samun
Rembulan liwat
Getih mateng kebientongn
Eluh dumrodos
Runtuh kabeh lintang

ULANG TAUNMU
Dening : Deni Susilowati

Detik terus mlaku
Tan peduli sira sregep amal
Utawa ndeleya
Tan terus mlaku
Tan peduli sira waspada utawa lena
Dina terus mlaku
Tan peduli sira sregep ngabekti
Utawa duraka
Umurmu tansah tambah
Ora nina kedewasanmu ora mesti tambah
Amarga kedewasaan iku pilihan
Amarga kedewasaan iku butuh pangorbanan
Amarga kadewasaan iku kahormatan
Selamat ulang tahun
Muga-muga tinambahe umurmu
Dibarengi tambahe becike atimu
Lan mantebe kadewasaanmu

AJA LENA
Dening : Ratna Sulistya Ningsih

Ngati-ati
Memet rejeki ing tlaga rekasa
Karan metropolitan
Kang tuka saka tlatah cengkar
Bumi pepujan
Ing kene okeh papan sangar
Ing antarane watu-watu abalung wesi
Akeh baya sandhangan luru mangsa
Lintah-lintah malikan
Ngelakrah
Aja lena
Yen salah langkah
Bisa kelp;eset keseret
Kecemplung mbel kagubel
Blethok neraka
Ing kene akeh pasangan kala
Panjiret jangga

NUSWANTARA
Dening : Fitria Pravitasari

Telung atus skeet warsa
Dijajah bangsa walanda
Saindhengining nuswantara
Uripe kalunta-lunta
Gumrengah andreg pra warga
Mbudi daya mrih merdika
Wus klakon ambangpun praja
Andhedhasar pancasila
Nggayuh urip kang sempurna
Cukup sandhang klawan boga
Tata tentrem tur raharja
Tan kurang sawiji apa

PITAKON
Dening : Dalwati

Ana swara tanpa sangka
Ana tandha tanpa irama
Heh manungsa
Kepriye anggonira padha
Jejer dadi pangarasa
Gubernur lan bupati wali kutha
Apa dene
Camat lurah lan andhahane
Dene iki banjir baing kaca gedhe kang rada suwe
Wong bayi kewan tetandhuran
Lan barang-barang
Kontang koncar kabuncang
Bendungan bobol, kreteg jebol, lemah longsor
Delengen githokmu dhewe
Ngiloa ing kaca gedhe kang rada suwe
Banjur rungokna
Ana swara tanpa sangka nuli
Wapadakna
Ana bandha tanpa irama
Kepriye..?
Alam sawegung
Wis ngelingake…..

Minggu, 28 Maret 2010

PARAMASASTRA

A. Tembung
Tembung (kata) : Kumpulane wanda (sukukata) kang duwe teges. Tembung kang mung sakwanda diarani Tembung wod.
  
Wernane tembung  

Tembung lingga (Kata dasar) : Tembung kang durung uwah soko asale
Tembung andhahan (Kata jadian) : Tembung kang wis owah saka asale kanthi diwenehi Ater ater (Awalan),Seselan (Sisipan),Panambang (Akhiran).
Ater ater
  • Ater ater Hanuswara

m [m+bathik=mbathik]
n [n+tulis=nulis]
ng [ng+kethok=ngethok]
ny [ny+cuwil=nyuwil]


  • Ater ater Tripurasa

dak [dak+pangan=dakpangak]
ko [ko+jupuk=kojupuk]
di [di+goreng=digoreng]


  • Ater ater liya

a [a+lungguh=alungguh]
ma [ma+lumpat=malumpat]
ka [ka+gawa=kagawa]
ke [ke+sandhung=kesandhung]
sa [sa+gegem=sagegem]
pa [pa+lilah=palilah]
pi [pi+tutur=pitutur]
pra [pra+tandha=pratandha]
tar [tar+buka=tarbuka]
kuma [kuma+wani=kumawani]
kami [kami+tuwa=kamituwa]
kapi [kapi+temen=kapitemen]

Seselan
um [..um..+guyu=gumuyu]
in [..in..+carita=cinarita]
el [..el..+siwer=seliwer]
er [..er..+canthel=cranthel]

Panambang 
i [kandh+i=kandhani]


ake [jupuk+ake=jupukake]
ne [teka+ne=tekane]
e [omah+e=omahe]
ane [jaluk+ane=jalukane]
ke [kethok+ke=kethokke]
a [dudut+a=duduta]
na [gawa+na=gawakna]
ana [weneh+ana=wenehana]
en [lepeh+en=lepehen]
ku [buku+ku=bukuku]
mu [klambi+mu=klambimu]
e [omah+e=omahe]


Jinising Tembung

Tembung aran (Kata benda) :
Sakehing tembung kang tuduh arane barang.
[Omah,iman].

Tembung kriya (kata kerja) :
Sakehing tembung kang tuduh pakaryan.
[Turu,mlaku mlaku].

Tembung wilangan (Kata bilangan) :
Tembung kang tuduh cacah.
[Siji,separo,kapisan].

Tembung kaanan (kata sifat) :
Tembung kang tuduh kaanan lan watak.
Manggon ing sakmburine tembung aran.
[Gedhe,sregep,abang].

Tembung katrangan (kata keterangan) :
Tembung kang nerangake tembung kriya lan liya liyane kejaba tembung aran.
[Angler,cepet].

Tembung tetenger (kata sandang) :
Tembung kang nyandhangi tembung aran.
[Si,sang].

Tembung ancer ancer (kata depan) :
Tembung kanggo nggandeng tembung sajroning ukara.
[Lan,ing].

Tembung panyambung (kata sambung) :
Tembung kang kanggo nyambung ukara.
[Dene,nanging].

Tembung sesulih (kata ganti) :
Tembung kang kanggo nyulihi jeneng barang utawa wong.
[Aku,iki,apa].

Tembung pangguwuh (kata seru) :
Tembung kang tuduh ngudarasa.
[Adhuh,oh].

Ayahane tembung (jabatan kata)
 Jejer (Subyek).
Wasesa (Predikat).
Lesan (Obyek).
Katrangan (Keterangan).





1.    Tembung Tanduk (aktif)
Tanduk kriya wantah :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara tanpa panampang
[maju (m+aju)]

Tanduk i kriya :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang i
[nyirami(ny+siram+i)]

Tanduk ke kriya :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang ke utawa ake
[nyelehake(ny+seleh+ake)]


2.    Tembung Tanggap (Pasif)
Tanggap tripurusa :
Tembung sing diwenehi ater ater tripurusa lan panambang i utawa ke
[Dikandhani(di+kandha+i)]

Tanggap na :
Tembung sing wenehi seselan in
[Tinuku(tuku+in)]

Tanggap tarung :
Tembung dwilingga diwenehi seselan in
[Gebuk ginebug(gebug gebug+in)]

Tanggap ka :
Tembung sing diwenehi ater ater ka
[kathuthuk(ka+thuthuk)]

3.    Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku sekabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bias sakabehing tembung utawa mung sawandane bae.
Tembung rangkep ana telung werna, yaiku:
a.     Tembung Dwilingga, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
1)     Dwilingga padha swara
Tuladha:      bapak-bapak
                      Bocah-bocah
                      Guru-guru
2)     Dwilingga salin swara
Thuladha    bola-bali
                      Mrana-mrene
                      Wira-wiri
3)     Dwilingga semu
Thuladha:      ondhe-ondhe
                        Undur-undur
                        Andheng-andheng
b.     Tembung Dwipurwa, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep
Thuladha:      laku-lelaku
                        Jupuk-jejupuk
                        Tuku-tetuku
c.      Tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaing pindho mung wanda sing mburi.
Thuladha:      cekak-cekakak
                        Cekik-cekiki
                        Cenges-cengenges           


4.    Tembung Camboran (Kata majemuk)
Tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji.
Camboran wutuh :
Tembung loro dirangkep tanpa ngurangi wandane.
»Tembung saroja
[Sanak kadang].
»Yogaswara.
[Dewa dewi].
»Baliswara.
[Mahabarata].

Camboran tugel :
»Tembung garba.
[Yaiku (iya+iku)].
»Keretabasa.
[Wedang (ngawe+kadang)].

Camboran tunggal :
Tembung loro dirangkep dadi siji tur ora kena dipisahake amarga duwe teges anyar.
[Sakaguru].
Camboran wudhar :
Tembung loro dirangkep dadi siji nanging ijen ijene tembung isih duwe teges dhewe dhewe.
[Gedhe cilik].



B. Ukara Ukara (Kalimat)  
Ukara yaiku tembung kang kasusun miturut pranata basa kang maton.


Wernane ukara:

Ukara lamba :
Ukara kang anduweni jejer lan wasesa.
[Bapak sare(jejer+wasesa)].
[Aku mangan tela(jejer+wasesa+lesan)].

Ukara elip :
Ukara kang tanpa jejer utawa wasesa.
[Klambiku anyar(jejer+katrangan)].
[Nulisa!(wasesa)].

Ukara rangkep
Diarani uga ukara rowa :
Ukara lamba sing dirangkep loro.
[Ibu lagi masak,bapak ngunjuk kopi].
[Nalika bapak tindak,ibu tunggu omah].

 Ukara crita (Kalimat tak langsung) :
Ukara kang nuduhake kedadean kang dirasa,diweruhi,dirungu utawa pitutur.
[Gula iku legi] Ukara kandha (kalimat langsung).
Bisa rupa :
a.Ukara pitakon (Kalimat tanya) :
Ukara kang kang kanggo ngudhar barang kang durung dingerteni.
[Jenengmu sapa?].
b.Ukara pakon (Kalimat perintah) :
Ukara kang kanggo murih wong liya nindakake pakaryan sing karepake.
[Adusa disik!]
c.Ukara pangajak (Kalimat himbauan) :
Ukara kanggo murih bebarengan nindakake pakaryan sing dikarepake.
[Becike perkara iki dirembug].
d.Ukara panjaluk (Kalimat permohonan) :
Ukara pakon kang ditembungake kanthi alus.
[Kulo aturi ngrantos sakuntawis].
e.Ukara umpama :
Ukara kanggo ngudarasa lelakon kang wus kebacut.
[Umpama awakmu mampir,tak wenehi oleh oleh].
 f.Ukara pengarep arep :
Ukara panjaluk kang kawiwitan tembung sepadhane muga muga.
[Muga muga basa jawa tetep lestari].
g.Ukara janji :
Ukara kang mengku pangebang ngebang.
[Yen sregep ngibadah,bakal nemu begja]

PARAMASASTRA

A. Tembung
Tembung (kata) : Kumpulane wanda (sukukata) kang duwe teges. Tembung kang mung sakwanda diarani Tembung wod.
  
Wernane tembung  

Tembung lingga (Kata dasar) : Tembung kang durung uwah soko asale
Tembung andhahan (Kata jadian) : Tembung kang wis owah saka asale kanthi diwenehi Ater ater (Awalan),Seselan (Sisipan),Panambang (Akhiran).
Ater ater
  • Ater ater Hanuswara

m [m+bathik=mbathik]
n [n+tulis=nulis]
ng [ng+kethok=ngethok]
ny [ny+cuwil=nyuwil]


  • Ater ater Tripurasa

dak [dak+pangan=dakpangak]
ko [ko+jupuk=kojupuk]
di [di+goreng=digoreng]


  • Ater ater liya

a [a+lungguh=alungguh]
ma [ma+lumpat=malumpat]
ka [ka+gawa=kagawa]
ke [ke+sandhung=kesandhung]
sa [sa+gegem=sagegem]
pa [pa+lilah=palilah]
pi [pi+tutur=pitutur]
pra [pra+tandha=pratandha]
tar [tar+buka=tarbuka]
kuma [kuma+wani=kumawani]
kami [kami+tuwa=kamituwa]
kapi [kapi+temen=kapitemen]

Seselan
um [..um..+guyu=gumuyu]
in [..in..+carita=cinarita]
el [..el..+siwer=seliwer]
er [..er..+canthel=cranthel]

Panambang 
i [kandh+i=kandhani]


ake [jupuk+ake=jupukake]
ne [teka+ne=tekane]
e [omah+e=omahe]
ane [jaluk+ane=jalukane]
ke [kethok+ke=kethokke]
a [dudut+a=duduta]
na [gawa+na=gawakna]
ana [weneh+ana=wenehana]
en [lepeh+en=lepehen]
ku [buku+ku=bukuku]
mu [klambi+mu=klambimu]
e [omah+e=omahe]


Jinising Tembung

Tembung aran (Kata benda) :
Sakehing tembung kang tuduh arane barang.
[Omah,iman].

Tembung kriya (kata kerja) :
Sakehing tembung kang tuduh pakaryan.
[Turu,mlaku mlaku].

Tembung wilangan (Kata bilangan) :
Tembung kang tuduh cacah.
[Siji,separo,kapisan].

Tembung kaanan (kata sifat) :
Tembung kang tuduh kaanan lan watak.
Manggon ing sakmburine tembung aran.
[Gedhe,sregep,abang].

Tembung katrangan (kata keterangan) :
Tembung kang nerangake tembung kriya lan liya liyane kejaba tembung aran.
[Angler,cepet].

Tembung tetenger (kata sandang) :
Tembung kang nyandhangi tembung aran.
[Si,sang].

Tembung ancer ancer (kata depan) :
Tembung kanggo nggandeng tembung sajroning ukara.
[Lan,ing].

Tembung panyambung (kata sambung) :
Tembung kang kanggo nyambung ukara.
[Dene,nanging].

Tembung sesulih (kata ganti) :
Tembung kang kanggo nyulihi jeneng barang utawa wong.
[Aku,iki,apa].

Tembung pangguwuh (kata seru) :
Tembung kang tuduh ngudarasa.
[Adhuh,oh].

Ayahane tembung (jabatan kata)
 Jejer (Subyek).
Wasesa (Predikat).
Lesan (Obyek).
Katrangan (Keterangan).





1.    Tembung Tanduk (aktif)
Tanduk kriya wantah :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara tanpa panampang
[maju (m+aju)]

Tanduk i kriya :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang i
[nyirami(ny+siram+i)]

Tanduk ke kriya :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang ke utawa ake
[nyelehake(ny+seleh+ake)]


2.    Tembung Tanggap (Pasif)
Tanggap tripurusa :
Tembung sing diwenehi ater ater tripurusa lan panambang i utawa ke
[Dikandhani(di+kandha+i)]

Tanggap na :
Tembung sing wenehi seselan in
[Tinuku(tuku+in)]

Tanggap tarung :
Tembung dwilingga diwenehi seselan in
[Gebuk ginebug(gebug gebug+in)]

Tanggap ka :
Tembung sing diwenehi ater ater ka
[kathuthuk(ka+thuthuk)]

3.    Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku sekabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bias sakabehing tembung utawa mung sawandane bae.
Tembung rangkep ana telung werna, yaiku:
a.     Tembung Dwilingga, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
1)     Dwilingga padha swara
Tuladha:      bapak-bapak
                      Bocah-bocah
                      Guru-guru
2)     Dwilingga salin swara
Thuladha    bola-bali
                      Mrana-mrene
                      Wira-wiri
3)     Dwilingga semu
Thuladha:      ondhe-ondhe
                        Undur-undur
                        Andheng-andheng
b.     Tembung Dwipurwa, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep
Thuladha:      laku-lelaku
                        Jupuk-jejupuk
                        Tuku-tetuku
c.      Tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaing pindho mung wanda sing mburi.
Thuladha:      cekak-cekakak
                        Cekik-cekiki
                        Cenges-cengenges           


4.    Tembung Camboran (Kata majemuk)
Tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji.
Camboran wutuh :
Tembung loro dirangkep tanpa ngurangi wandane.
»Tembung saroja
[Sanak kadang].
»Yogaswara.
[Dewa dewi].
»Baliswara.
[Mahabarata].

Camboran tugel :
»Tembung garba.
[Yaiku (iya+iku)].
»Keretabasa.
[Wedang (ngawe+kadang)].

Camboran tunggal :
Tembung loro dirangkep dadi siji tur ora kena dipisahake amarga duwe teges anyar.
[Sakaguru].
Camboran wudhar :
Tembung loro dirangkep dadi siji nanging ijen ijene tembung isih duwe teges dhewe dhewe.
[Gedhe cilik].



B. Ukara Ukara (Kalimat)  
Ukara yaiku tembung kang kasusun miturut pranata basa kang maton.


Wernane ukara:

Ukara lamba :
Ukara kang anduweni jejer lan wasesa.
[Bapak sare(jejer+wasesa)].
[Aku mangan tela(jejer+wasesa+lesan)].

Ukara elip :
Ukara kang tanpa jejer utawa wasesa.
[Klambiku anyar(jejer+katrangan)].
[Nulisa!(wasesa)].

Ukara rangkep
Diarani uga ukara rowa :
Ukara lamba sing dirangkep loro.
[Ibu lagi masak,bapak ngunjuk kopi].
[Nalika bapak tindak,ibu tunggu omah].

 Ukara crita (Kalimat tak langsung) :
Ukara kang nuduhake kedadean kang dirasa,diweruhi,dirungu utawa pitutur.
[Gula iku legi] Ukara kandha (kalimat langsung).
Bisa rupa :
a.Ukara pitakon (Kalimat tanya) :
Ukara kang kang kanggo ngudhar barang kang durung dingerteni.
[Jenengmu sapa?].
b.Ukara pakon (Kalimat perintah) :
Ukara kang kanggo murih wong liya nindakake pakaryan sing karepake.
[Adusa disik!]
c.Ukara pangajak (Kalimat himbauan) :
Ukara kanggo murih bebarengan nindakake pakaryan sing dikarepake.
[Becike perkara iki dirembug].
d.Ukara panjaluk (Kalimat permohonan) :
Ukara pakon kang ditembungake kanthi alus.
[Kulo aturi ngrantos sakuntawis].
e.Ukara umpama :
Ukara kanggo ngudarasa lelakon kang wus kebacut.
[Umpama awakmu mampir,tak wenehi oleh oleh].
 f.Ukara pengarep arep :
Ukara panjaluk kang kawiwitan tembung sepadhane muga muga.
[Muga muga basa jawa tetep lestari].
g.Ukara janji :
Ukara kang mengku pangebang ngebang.
[Yen sregep ngibadah,bakal nemu begja]