Minggu, 29 Agustus 2010

Kumpulan Tembang Macapat

Dhandanggula “Buminatan”

Sasmitane ngaurip puniki
Apan weruh yen ora weruha
Tan jumeneng ing uripe
Akeh kang ngaku aku
Pangrasane sampun udani
Tur durung weruh ing rasa
Rasa kang satuhu
Rasane rasa punika
Upayanen darapon sampurna ugi
ing kauri panira


Maskumambang

Dhuh anak mas sira wajib angurmati
Mayang rarah rena
Aja pisan kumawani
Anyenyamah gawe susah



Dhandhanggula “Panganten Anyar”

Wonten malih tuladhan prayogi
Satriya gung nagari ngalengka
Sang kumbakarna arane
Tur iku warna diyu
Supran dene nggayuh utami
Duk wiwit prang ngalengka
Denya darbe atur
Mringra kapinrih raharja
Dasamuka tan kengguh ing atur yekti
Dene mungsuh wanara


Kinanthi “Sandhung Mesem”

Ngandika kusuma ningrum
Anoman seksinen mami
Luwara ing duka cita
Ilang sagung kang prihatin
Matur aring gusti nira
Yen ing ngunisun punagi



Sinom “Gagatan”

Semangsane pasamuan
Memangun marta martini
Sinambi ing saben mangsa
Kala kalaning asepi
Lelana tekiteki
Nggayuh geyonganning kayun
Kayungyun ening ing tyas
Sani tyasa pinrihatin
Puguh panggah segah dhahar lawan nendra



Pocung

Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekere dur angkara


Asmarandana “Jakalola”

Siharya wibisaneki
Ature kaliwat liwat
Anggone amrih becike
Panika nora angawang
Matur ujar ing cetha
Wus omah weweka putus
Waskitha jroning srinata


Kinanthi

Dhuh dewajawatagung
Tingalana solah mami
Sewu lara sewu brangta
Tan ana timbange mami
Yen taulun tan panggiha
Kalawan pangeran mami


Dhandhanggula “Mangkubumen”

Ingkang lumrah ing mangsa puniki
Mapan guru ingkang golek sabat
Tuhu kuwalik karepe
Kang wus lumrah karuhun
Jaman kuna mapan kimurud
Ingkang padha ngupaya
Kudu anggeguru
Ing mengko iki tanora
Kyai guru naruthuk ngupaya murid
Dadiya kanthi nira



Kinanthi

Pun bapa pan sampun tumut
Sabala nirawus balik
Mring prabu rama wijaya
Memungsuhan lan waaji
Bala wrawarti wus nyabrang
Keh prapteng suwe lagiri



Dhandhanggula “Kesepuhan”

Angel temen ing jaman samangkin
Ingkang pantes kena ginuronan
Akeh wong jaja ngelmune
Lanarang ingkang manut
Yen wong ngelmu ingkang netepi
Ing pangga wening sarak
Den arani luput
Nangingta asenengan
Nara kena denwor kekarepan neki
Pepancine priyangga


Kinanthi “pangukir”

Kadra was wus sira muwus
Mangkana putri manthili
Mangsah nunguli mustaka
Patreme sampun pinusthi
Tanpa nonrati dhepira
Den nyarsa mbelahi laki


Dhandhanggula “Panglipur”

Upa mardi jeneng ing Narpati
Ingkang praja dhukut aneng wana
Katon sapari bawane
Isine ngalas iku
Kaungkul lan marang ing hardi
Sagung ing wadyabala
Alas paminipun
Prabu nyambinamgka singa
Kareksaning singa petenging wanardi
Yen alase apadhang


Sinom “slobog”

Wong agung rama wijaya
Mangu neng tyas tan pinanggih
Tan ana wenganing driya
Dene kalangan jaladri
Enget pandhita nguni
Sutikna yogi turipun
Besuk pan kalampahan
Angadoni jayeng jurit
Mring ngalengka sedhih kalangan samodra



Kinanthi “amongjiwa”

Dhuh ramawijaya ningsun
Pulungen jiweng ngong aglis
Mulih mring ngendra bawana
Pagene nora ngenteni
Apatah asih maring wang
Ubayane du king nguni


Megatruh

Yen wohwohan enak mentah iku timun
Enak mateng iku kweni
Manggis enak blibaripun
Pelem enak mateng ati
Salak enak rada bosok


Gambuh

Sekar gambung ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluarsa katutuh
Kapatuhpan dadi awon



Pangkur

Jinejer ing wedatama
Mrih tan kemba kembengan ing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asep alir sepah samun
Samangsane pasamuan
Goyak gayuk nglelingsemi


Durma

Paman paman apa wartane ing dalan
Ing dalan keh pepati
Mati kena apa
Mati pinedhang ligan
Ing jala terusing gigir
Akari raga
Badan kari gumlinting


Mijil

Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang ipun


Kinanthi ‘sandhung”

Padha saksemana ingsun
Lintang kilat angina angina
Gelap thathit miwah teja
Mega seksenana mami
Kagyat sang retna trijatha
Mulat sang putri nekani


Pangkur

Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton punika dipun kadalu
Miwah ingkang tata karma
Den kaesthi siyang ratri



Mijil

Kamardikan wajib dirungkebi
Lair trusing batos
Ngelingana biyen keh korbane
Bandha donya nganti tekan pati
Lila tanpa pamrih
Penjajah katundhung



Asmarandana

Pomo pomo wekas mami
Anak putu aja lena
Aja katungkul uripe uripe
Lan aja duwe kekareman
Marang pepaes donya
Siyang dalu dipun emut
Yen urip manggih antaka



Sinom

Sigra ang bala tumingal
Acampuh sami medali
Lir thathit wileding ganda
Dhanyang gung mangucal niti
Benjang sangaji mijil
Lathinya medali wuwus
Trustha sura wilaga
Kaya buta singa wergild
Pasthi jongga dhedhanya
Mangabak baya



Kinanthi “ amonglulut”

Riris raras arum arum
Rarnya sumawur sumilir
Sapraja ngalengka sumyur
Lir kinenan riris manis
Mangkana sang bayu suta
Umatur saha wot sari


Sinom

Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wong agung ing ngreksi ganda
Panembahan senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan napsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama



Kinanthi

Mangun setu bandha layu
Samodra tinabak keni
Sekti ning bala wanara
Prabawa sri dasamuka
Mokal apesa ing yudha
Ramawijaya prajurit


Dhandhanggula

Jago kluruk rame kapyarsi
Lawa kalong luru pandelikan
Jrih kawanan ing semune
Bang wetan sulakipun
Mratandhani yen bangun enjing
Rembulan wus gumlewang
Neng kulon gunung
Ing padesan wiwit obah
Lanang wadon pan sarnya
Anambut kardi
Netepi kewajiban


Sinom “grandhel lintring”

Wikan wengko ning samodra
Kederan wus den ideri
Ki nemat kamoting driya
Rinegem sagegem dadi
Dumadya angratoni
Nenggih kanjeng ratu kidul
Ndedel nggayuh nggegana
Umara marak maripih
Sor prabawa lan wong agung ngeksi ganda



Kinanthi “buminatan cengkok”

Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak amor lemah
Ingkang iga-iga keksi


Kinanthi “wicagsana”

Pinandeng sarwi tumungkul
Anoman ngiling ilingi
Sarta myarsakken karuna
Sumedhot tyasira nenggih
Iya iki apa baya
Kusuma putri manthili



Kinanthi

Minder ingrate angelangut
Lelanda njajah nagari
Mubeng tepining samodra
Sumengka anggraning wukir
Anelasak wanawasa
Tumurun ing jurang trebis


Dhandhanggula “mangkubumen”

Singa singa yen wadyanta sakit
Glis tulunga dana myang tetamba
Den prapta ing sawarase
Yen sira nemu mungsuh
Kasor aywa sira pateni
Kunjaranen kewala
Sawatara nipun
Angenulilu waran
Rasuken den kadya kina kulit daging
Wala ngati ilangna


Pangkur

Mingkar mingkuring angkara
Angkarana karena mardisiwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama ageming aji



Pocung

Bapak pucung
Dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing plembang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumampah si pocung lembehan grana



Pocung

Lamun dalu
Saben arsa mapan turu
Wektu kang prayoga
Mulat mring laku kang uwis
Dina mau apa kang wus dipun karya


Dhandhanggula

Dhuh kusuma milangoni
Buron arum ingkang sobeng wana
Yen panggih sun arasane
Sumber gung ngisor gunung
Wreksa langking sisaning agni
Sun sandhang pinarenga nedya amemanuh
Wit saking tresnaning manah
Surya ratri wong kuning sun kalawani
Sun adhep saben dina



Kinanthi

Kinanthi ling ing pitutur
Kenthang rambat menyan putih
Awasna dipun pratela
Noleha wiring ing wuri
Cecangkok wohing kalapa
Kang dadi pathoking urip


Kinanthi

Ora kleru
Marang urip mubra-mubru
Ngawula ing bandha
Nganti lali mring agami
Mangka iku ugering manungsa gesang



Pocung

Pra seduur
Na ing jaman mangkya
Marang panggayuh utami
Tumrap gesang ana alam pasrawungan

0 komentar:

Poskan Komentar